Friday, March 28, 2014
Pidato Perpisahan Kelas 9/SMP Basa Cirebon
Assalamualaikum Wr.Wb
Nuwun,
Bapak Kepala SMPN 3 Cirebon ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati
Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani
Ingkang
sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji sukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah katitik
ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo sami saged makempal wonten ing
SMPN 3 Babat,kangge angestreni perpisahan kelas IX, kanthi sehat
walafiat boten wonten alangan menapa.
Ingkang
kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi besar
Muhammad SAW ingkang sampun nuntun kita sedaya saking margi ingkang
lepat dumugi margi ingkang leres inggih menika dinul islam.
Ingkang saklajengipun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi kelas
IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan
tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged
ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu
guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan
kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula
sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa
kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Para
Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun
pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking
pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII
lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung
sae.
Para
rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang
sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangkasami.
Nuwun,
Share This :
comment 0 Comment
more_vert